Selasa, 08 Januari 2019

SERAT PARARATON BRANDES 4

SERAT PARARATON EDISI BRANDES

Bagian II [15-16]

Sampun mangkana sang Anusapati anggantyani añjeneng ratu, duk sang Anusapati angadeg ratu I çaka 1170. Alama kawerta ring raden Tohjaya, sira anakira ken Angrok saking rabi anom, nama sang apañji Tohjaya, ya ta angrengö sapolahiranusapati angupahaken ing sang Amurwabhumi, moktah dening wong Batil. Sang apañji Tohjaya tan suka moktahning sira ramanira, akirakira amet pamales, margahaning kapatinira sang Anusapati. Wruh sang Anusapati yan kinire denirapañji Tohjaya, yatna sang Anusapati, pagulinganira binalungbang, ring pamengkang wong angayengi, pikandel atata. Huwus alama marek sang apañji Tohjaya amawa sawung sira, mareng bhataranusapati. Lingirapan ji Tohjaya: „Kaka, wonten kerisira bapa, antukipun Gandring akarya, ingsun-tedanipun ing sira”. Tuhu yan samasanira bhataranusapati. . Sinungaken duhung antukipun Gandring akarya denira sang Anusapati, tinanggapan denirapañji Tohjaya, sinungkelang, tumuli duhungria kang ingangge ringuni, sinungakning wongira. Lingirapañji Tohjaya: „Duweg, kaka, ta-bongbong”. Sumahur sang Anusapati: „Lah, yayi”. Tumuli aken angambila sawung ring juru kurung. Lingiranusapati: „Lah, yayi, ta-adunipun pisan”. „Singgih”, lingirapañji Tohjaya. Sama anajeni dawak, sama akembar, katungkul sang Anusapati. Tuhu yan sedeng antakanira, kemper pijer angadoken sawungira, sinuduk denirapañji Tohjaya. Lina sang Anusapati i çaka 1171. Dhinarma sira ring Kidal.

* * *

SERAT PARARATON BRANDES 5

SERAT PARARATON EDISI BRANDES (5)

Bagian III [16-17]

Gumanti sirapañji Tohjaya añjeneng ratu ring Tumapel. Hana ta putranira sang Anusapati, aran sira Rangga wuni, kapernah kaponakan denirapañji Tohjaya. Sira Mahisa wong ateleng, sanakirapañji Tohjaya tunggaling bapa saos ibu, aputra ring sira Mahisa campaka, kapernah pahulunan denirapañji Tohjaya. Duwegirapañji Tohjaya ingastren, pinareking mantri samadaya, makanguni sira Pranaraja. Marek sira Rangga wuni adulur lawan sira Kebo campaka. Lingirapañji Tohjaya: „E mantri samadaya, makadi Pranaraja, delengen iki kaponakaningong, kamakara rupane lawan pangadege. Paran rupane musuhingong ring nusantara, dene wong roro iki, angapa denira, Pranaraja”. Asahur sembah sira Pranaraja matur: „Singgih, pukulun, andika, paduka bhatara, apekikpekik ing rupa, sama wani sira kalih, anghing pukulun, upamanira kadi wuwudun munggwing nabhi, tan wurung sira amatyani ri puhara”. Meneng talampakanira bhatara, sangçaya karasa aturia Pranaraja runtik sang apañji Tohjaya. Teher angundang ing sira Lembu ampal, kinon anghilangakena ring raden kalih. Andikanirapañji Tohjaya ring sira Lembu ampal: „Mon luput denira angilangaken ing ksatriya roro iku, ko ndak-ilangaken”. Duk sirapañji Tohjaya akon angilangaken ring raden kalih ring sira Lembu ampal, wonten sang brahmana sedeng anangkapaneni ring sirapañji Tohjaya, denira danghyang angrengö yan raden kalih kinen ilangakena. Awelas sang brahmana ring raden kalih, awarah „yan sira Lembu ampal kang kinon angilangakena, yen luputa kalih, kaki, sira puniki denipun Lembu ampal, pun Lembu ampal gumanti ingilangaken denira çri maharaja”. Lingira rahaden kalih: „Sira danghyang tambonten ta wonten dosaningsun”. Sahurira sang brahmana: „Aron ta sira kaki asenetana rumuhun”. Pinariringaken manawi

[17] brahmananira adwa, ya ta rahaden sama maring sirapañji Patipati. Andikanira raden: „Pañji Patipati ingsun asenetan ring umahira, anengguh ingsun harep ilangakena bhatara, yen ingsun atut harep ilangakena, nora dosaningsun”. Pinarurungoken denirapañji Patipati: „Rahaden atut, yen pakanira ingilangaken pun Lembu ampal sinalahan”. Mangkin enak denirasenetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih tan kampanggih. Pinarurungoken tan kaparungon panarira. Ya ta sinenggeh sira Lembu ampal sakarayita lawan raden kalih denira bhatara. Samangka sira Lembu ampal ingilangaken, malayu tasenetan ing tatangganirapañji Patipati. Angrungu sira Lembu ampal yen raden kalih hana ring sirapañji Patipati. Ya ta sira Lembu ampal marek ing raden kalih, aturira Lembu ampal ing raden kalih: „Manira angungsi ring pakanira pukulun, dosa-manira kinen angilangakena ring pakanira denira bhatara. Mangkin ta manira aneda cinoran manawi manira tan kandel den pakanira, enakan manira angawula ring jeng pakanira”. Sampune cinoran awatara kalih dina, sira Lembu ampal marek ing raden kalih, matur ing raden: „Punapa wekas pakanira rahaden, tan wonten puharanirasenetan, manira anuduka wong Rajasa mene, sedengipun ababañu”. Tatkala sore, anuduk wong Rajasa sira Lembu ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujaring wong Rajasa: „Wong Sinelir anuduk wong Rajasa”. Watara kalih dina wong Sinelir sinuduk dening Lembu ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujaring wong Sinelir: „Wong Rajasa anuduk ing wong Sinelir”. Wekasan atutukaran wong Rajasa lawan pangalasaning Sinelir, rame alolongan, sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sirapañji Tohjaya, ingilangaken kalih batur pisan. Angrungu sira Lembu ampal yen wong kalih batur ingilangaken, mara sireng wong Rajasa sira Lembu ampal. Lingira Lembu ampal: „Yen sira ingilangaken angungsia ring raden kalih sira, apan sama hana rahaden ”. Sangguping wong Rajasa: „Parekakena ugi, ki Lembu ampal, wong batur puniki”. Bhinakta pinituhaning wong Rajasa, marek ing raden kalih. Aturing wong Rasaja: „Pukulun pakanira sakitaha kawula ing Rajasa, sahandika-pakanira, pakanira-corana, manawi tan tuhu pangawulanipun, pahea rika denipun angawula”. Mangkana wong Sinelir, sama ingundang pinituhanipun, tunggal sanggupipun lawan wong Rasaja, tur pinatut kalih batur sampun kacoran, winekas: „Mene sore pada merenea, tur amawaha sahayanira sowang sowang, pada ambarananga maring kadaton”. Sama amit mantuk wong Sinelir lawan wong Rajasa. Katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya, sama marek ing ayunira rahaden kalih, sama wano ; anuli mangkat ambaranang mareng jero kadaton. Mogha kagyat sirapañji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan. Marining geger, rinuruh dening kawulanira, pinikul pinalayoken maring Katang lumbang. Kang amikul kasingse gadage, katon pamungkure. Lingirapañji Tohjaya ri kang

[18] amikul: „Beciki gadagta katon pamungkure”. Sangkaning tan awet ratu dene silit iku. Rawuhireng Lumbang katang, mokta sira. Anuli dhinarmeng Katang lumbang. Linanira i çaka 1172.

* * *

Senin, 07 Januari 2019

SERAT PARARATON BRANDES 3

SERAT PARARATON EDISI BRANDES

[III]

[11]
ika, sulaksana temen, pan iku asing aderwe rabi, katekan dadi ratu añakrawarti. Ingsun ta, bapa Bango, kapening dadi ratu, harepingsun ki Tunggul ametung ingsun-patenana, rabine ingsun-alape, malar bapa, ranakira dadi ratu, amalaku ingsun pangadyanira bapa danghyang. Ujarira danghyang; kaki Angrok tan kawaça ring brahmana yan angajengana ring wong angalap rabining arabi, hingan sakaharepira piambek. Punika karananingsun maring bapa Bango, malaku adyanadyanira bapa ingsun-cidrane sirakuwu ring Tumapel, wyakti mati sirakuwu deningsun”. Sumahur sira Bango samparan: “Rahayu yen mangkana. Ingsun, kaki, angadyani, yen siraharep ambahud angeris ring sira Tunggul ametung, anghing ta sira kaki Angrok, sirakuwu teguh, manawi nora tedas yen derasuduka ring keris kurang yoninya. Hana mitraningsun pande ring Lulumbang, aran pu Gandring, yoni olih agawe keris, norana wong ateguh dene pagawene, tan amingroni yen sinudukaken, ika konen akarya duhung. Yen huwus dadikeris, nggenirañidra ring ki Tunggul ametung.” Mangkana wekasira Bango samparan ring ken Angrok. Lingira ken Angrok: “Amit ingsun, bapa, maring Lulumbang”. Sah sira saking Karuman, nuli maring Lulumbang, katemu sira Gandring anambut karya ring gusali, teka ken Angrok tur atakon: “Iya sira baya aran Gandring. Lah reko ingsun papawekena kerism huwusa limang wulan, agatana gawene deningsun”. Lingira mpu Gandring: “Sampun limang wulan punika, lamun sira ayun den-apened, manawi satahun huwus, enak rateng papalonipun”. Lingira ken Angrok: “Lah sarupane gugurindane, anghing den-huwus limang wulan“. Sah ken Angrok saking Lulumbang, maring Tumapel, kapanggih sira danghyang Lohgawe, atakon ing ken Angrok: “Paran sangkanira alawas ing Karuman”. Sumahur ken Angrok: “Sumelang manira, bapa, ring Lulumbang”. Samangka ta ken Angrok alawas apanganti ring Tumapel. Huwusing genep limang wulan, enget ing samayanira yen aken anggawe keris ring sira mpu Gandring. Mara sira ring Lulumbang, katemu sira mpu Gandring anggugurinda, aninigasi papalampahanira ken Angrok keris. Lingira ken Angrok: “Endi kenkenaningsun ring kaki Gandring”. Sumahur sira Gandring: “Singgih kang ingsun-gurinda puniki, kaki Angrok”. Pinalaku tininghalan pungan keris denira ken Angrok. Lingira asemu brndu: “Ah tanpolih deningsun akonkon ring sira ki Gandring, apan durung huwus gugurindane keris iki, lagi asebel, iki kapo rupane kang dera-lawas limang wulan lawase”. Apanas twasira ken Angrok, dadi

[12]
sinudukaken ing sira Gandring keris antukira Gandring agawe ika. Anuli pinerangaken ing lumpang çela pambebekan gurinda, belah aparo; pinerangaken ing paronira Gandring, belah apalih. Samangka sira Gandring angucap: “Ki Angrok, kang amateni ring tembe keris iku, anak-putunira mati dene kris iku, olih ratu pipitu tembe keris iku amateni. Wusira Gandring angucap mangkana, mati sira Gandring. Samangka ta arupa analahasa sira ken Angrok patinira Gandring. Lingira ken Angrok: “Lamun ingsun dadi wong tumusa ring anakputune apande ring Lulumbang”. Teher mantuk sira ken Angrok maring Tumapel. Hana kakasihira Tunggul ametung, aran Kebo hijo, apawong sanak asihsihan lawan ken Angrok. Satinghalira Kebo hijo ring sira ken Angrok anungkelang duhung hañar, adanganañ cangkring katut rinipun tanpagagala wungkul, aremen sira Kebo hijo mulat. Angucap ing ken Angrok: “He, kaka, sunsilihe kerisira iku”. Sinungaken denira ken Angrok, ingangge denira Kebo hijo tumuli, wetning resepira tumon; alawas ingangge denira Kebo hijo duhung saking ken Angrok punika, nora hana wong Tumapel tan sapeksaha yen sira Kebo hijo anungkelang duhung hañar. Mogha ta mangke duhung punika minaling denira ken Angrok, kena dening amalingi. Teher ken Angrok kala ratri anuli maring dalem pakuwon, duweg sireping wong, katuwon denira dinuluraning widhi, anuli mareng paturonira Tunggul ameung, tan kawara lakunira, sinuduk sira Tunggul ametung denira ken Angrok, terus prananira Tunggul ametung mati kapisanan. Keris antukira Gandring agawe kinatutaken minaha. Mangke huwus rahina kawaswasan duhung tumanem ing jajanira Tunggul ametung, tinenger dening wong kang wruh kerisira Kebo hijo, kang inganggo sabran dina. Pangucaping wong Tumapel kabeh: “Ki Kebo hijo kalingane kang añidra ring sira Tunggul ametung, apan sawyakti kerise katut ing jajanira sang akuwu ring Tumapel.” Samangka sira Kebo hijo sinikep dening kadang-wargganira Tunggul ametung, tinewek ing keris antukira Gandring akarya punika, mati ki Kebo hijo. Hana ta anakira Kebo hijo, aran Mahisa randi, alara patining bapa, ya ta winilasan kinatik denira ken Angrok, atyanta welasira ring Mahisa randi. Mogha hyang dewa sirandandani, tuhu yan kramanira ken Angrok ring sira ken Dedes, alama akakarepan, tan hananing wong Tumapel wani angucapa satingkah-polahira ken Angrok, mangkana sakadang-warganira Tunggul ametung meneng tan hana wenang angucapa, ya ta apanggih ken Angrok lawan ken Dedes. Sampun ta sira abobot tigang lek katinggal denira Tunggul ametung, kaworan denira ken Angrok, atyanta denira silihasih sira ken Angrok lawan ken Dedes, alawas papanggihira. Genep leking rare mijil anakira ken Dedes

[13]
lanang, patutanira Tunggul ametung, ingaranan sang Anusapati, papañjinira sang apañjinira sang apañjy Anengah. Alama sira papanggih ken Angrok kalawan ken Dedes, malih aputra ken Dedes lawan ken Angrok, mijil lanang, aran sira Mahisa wong ateleng, mwah ari denira Mahisa wong ateleng lanang aran sang apañji Saprang, aranira pañji Saprang lanang aran sira Agnibhaya, arinira Agnibhaya wadon aran sira dewi Rimbu, papat patutanira ken Angrok lawan ken Dedes. Hana ta binihajinira ken Angrok anom, aran sira ken Umang, sira ta apatutan lanang ta binihajinira ken Angrok anom, aran sira ken Umang, sira ta apatutan lanang aran sira pañji Tohjaya, arinira pañji Tohjaya lanang aran sira pañji Sudhatu, arine pañji Sudhatu lanang aran sira twan Wregola, arine twan Wregola istri aranira dewi Raambi. Kwehing putra 9, lanang 7 wadon 2. Telas purwa wetaning Kawi, kaputer sawetaning Kawi, sama awedi ring sira ken Angrok, mahu ariwariwa ayun angadega ratu, wong Tumapel sama suka yen ken Angrok angadega ratu, Katuwon panduluring widhi sang ratu ring Daha siraji Dangdang gendis angandika ring parabhujangga sahaneng Daha, lingira: “E, ki parabhujannga çewa-sogata, paran sangkanira nora anembah ring ingsun, apan ingsun saksat bhatara Guru.” Sumahur parabhujangga sakapasuking nagareng Kadiri: “Pukulun tan wonten ing kinakina bhujangga anembahi ratu.” Mangkana lingira bhujangga kabeh. Lingiraji Dangdang gendis: “Lah manawa kang ring kuna nora anembah, kang mangko ta ingsun sembahen denira, manawa sira tan wruh ring kaçaktiningsun mangko sun-wehi pangawyakti.” Mangke ta siraji Dangdang gendis angadegaken tumbak, landeyanipun tinañcebaken ring lemah, sira ta alinggih, ring pucuking tumbak, tur angandika: “Lah parabhujangga delengen kaçaktiningsun.” Sir ata katon acaturbhuja, atrinayana, saksat bhatara Guru rupanira, winidhi anembaha parabhujangga sakapasuking Daha, sama tan harep anembaha tur mersah pada angungsi maring Tumapel asewaka ring ken Angrok. Samangka mulaning Tumapel tan ahidep ing nagareng Daha. Tumuli sira ken Angrok inastwaken prabhu ring Tumapel, araning nagara ring Singasari, abhisekanira çri Rajasa, bhatara sang Amurwabhumi, ingastryan dening bhujangga sewa-sogata kang saking Daha, makadi sira dangyang Lohgawe sira asangkapani, kuneng kang asih awelas ring sira ken Angrok ing kina duk sira sedeng kasyasih, pada ingundang kabeh, tinulung denira winales pawilasane, makadi sira Bango samparan, tan ucapen siramandaleng Turyantapada, lawan anaking apande wesi ring Lulumbang,

[14]
aran pu Gandring, satuse apande ring Lulumbang luputeng saarik purih, satampaking wulukune wadung-pacule. Hana anake ki Kebo hijo den-pada kawewenangane lawan anake pu Gandring. Hana anakira bapa danghyang (Lohgawe) aran wangbang Sadang, patutanira lawan wong Wisnu, temokena kalawan anakira bapa Bango kang aran Cucupuranti, mangkana rasaning andika sang Amurwabhumi. Atyanta kretaning nagaraning Singhasari, paripurna nirwighna. Alawas karengö wertanira ken Angrok yan huwus pangadeg ratu, kahatur ing siraji Dandang gendis yen sang Amurwabhumi harep amerepa maring Daha. Andikaniraji Dandang gendis: “Sapa ta angalahakena ring nagaraningsun iki, manawa kalah lamun bhatara Guru tumurun saking akaça, sugyan kalaha”. Ingaturan sira ken Angrok, yan siraji Dangdang gendis angandika mangkana. Lingira sang Amurwabhumi: “E parabhujangga sewa-sogata kabeh, astokena ingsun abhiseka bhatara Guru”. Samangka ta mulanirabhiseka bhatara Guru, ingastwaning bhujangga brahmana resi. Tur sira anuli anglurug maring Daha. Karenge deniraji Dangdang gendis yen sang Amurwabhumi ring Tumapel anekani andon maring Daha. Lingiraji Dangdang gendis; “Alah ingsun sedenge ki Angrok winonging hyang”. Samangka ta sañjata-ing Tumapel acucuh lawan sañjata Daha, aprang loring Ganter, apagut sama prawira, anglongi linongan, katitihan sañjata Daha. Ariniraji Dangdang gendis moktah bamakreti ksatriya raden Mahisa walungan, lawan mantrinira prawira aran Gubar baleman; moktahning arinira Dangdang gendis mwah wadwa pinakatihati sira Gubar baleman kalih karebat dening wado Tumapel, amah gunung denipun aprang. Samangka ta wado Daha kapalayu, apan kang pinakadining prang sampu kawenang. Irika ta sañjata Daha bubar tawon, pungkur wedus, dahut payung, tan hana pulih manih. Samangka ta siraji Dangdang gendis murud saking paprangan, angungsi maring dewalaya, gumantung ing awangawang, tekaning undakan, pakatik, juru payung lawan amawa tadah sedah, tadah toya, panglante, sama milu angawangawang. Prasiddha kalah ring Daha denira ken Angrok. Lawan sira rayinira (sang Dangdang gendis) dewi Amisani, dewi Hasin, dewi Paja, mangkin sama katuran yan siraji Dangdang gendis alah aprang, karengö wonten ing dewalaya gumantung ing awangawang, mangke ta sira twan dewi katiga muksah lawan kadaton pisan. Irika ta sira ken Angrok huwus ing jayasatru, mulih maring Tumapel, kaputer bhumi Jawa denira. Sakala pañjenengira huwus kalah ing Daha 1144. Alawas hana werta sang Anusapati, anakira Tunggul ametung, ataken

[15]
sira ring pamongmong: “Awedi manira dening sira rama-pakanira”, aturing pamongmong: “aron pakanira matura ring sira ibu pakanira”. Tan suddhanira Nusapati ataken ing siebunira: “Ibu ingsun ataken ing sira punapa kalinganira bapa yen tuminghal ing isun, pahe tinghalira kalawan sanakingsun kabeh, tan ucapen lawan putranira ibu anom, mangkin pahe tinghalira bapa”. Tuhu yan samasanira sang Amurwabhumi. Sahurira ken Dedes: “Kaya dudu kang angandeli, yen sira kaki ayun wruha, sira Tunggul ametung arane ramanira; katinggal ingsun tigang çaçih, ya ta ingsun ingalap denira sang Amurwabhumi”. Lingira Nusapati: “Kalingane, ibu, dudu bapaningsun sang Amurwabhumi, punapa ta ibu pademira bapa”. “Sang Amurwabhumi, kaki, amateni”. Meneng sira ken Dedes, arupa kaluputan dening awerta sajati ring siranakira. Lingira Numsapati: “Ibu, woten duhungira bapa antukipun Gandring akarya, ingsun-tedanipun ibu”. Sinungaken denira ken Dedes. Sang Anusapati amit mantuk maring kamegetanira. Wonten ta pangalasanira ring Batil, inundang denira Nusapati kinon amatenana ken Angrok, sinung duhung antukipun Gandring akrya, nggenipun amatenana ring sang Amurwabhumi, ingebang wong Batil denira Nusapati. Mangkat wong Batil maring dalem kadaton, kapanggih sang Amurwabhumi sedengira anadah, teher sinuduk sira deing wong Batil. Duk sira kacurna Werhaspati Pon ing Landep; masanira anadah sande jabung, sambun surup prabangkara amasang sanda. Sambuning lina sang Amurwabhumi, malayu wong Batil, angungsi sang Anusapati, matur wong Batil: “Sampun moktah sira rama-pakanira den-manira“. Neher sinuduk wong Batil denira Nusapati. Ujaring wong Tumapel: “Ah bhatara sirengamuk dening pangalasaning Batil, sira Nusapati angembari amuk”. Ri linanira sang Amurwabhumi i çaka 1169. Sira dhinarmeng Kagenengan

########
BERSAMBUNG

Sumber: http://www.spaetmittelalter.uni-hamburg.de/java-history/JavaPar/Java1500.Pararaton.1.11-15.html
kisah SEJARAH klasik di December 30, 2016

* * *